Facebook Twitter
Selamat Datang kawan di blog Newbie
Senin, 28 Februari 2011

0
Laire Pandhawa



Sawijine Pandhu tindak mbebedhag menyang alas Himawanpada. Dumadakan weruh kidang sajodho lanang wadon. Pandhu ora srantan, kidang mau banjur dijemparing. Sanalika kidang wadon mati. Kidang lanang banjur nyumpahi Pandhu,

“He Pandu! Kok tego temen kowe mateni bojoku sing ora duwe dosa. Kamangka dheweke lagi seneng-seneng karo aku. Eling-elingen!Tekane patimu mbesuk uga padha karo bojoku!”

Sawise pandhu nampa sumpahe kidang lanang dhewekw rumangsa susah banget lan getun marang apa sing ditindakake, jalaran kidang iku mau sejatine panjelmane Resi Kindama. Kamangka dheweke during dhuwe katurunan, ateges mbesuke ora ana anak sing ngganteni kelenggahane dadi raja ing Hastinapura.

Pandhu wis dhuwe tekad sing gilid kanggo nebus dosa sing mentas dialami, yaiku sarana mertapa ing alas Saptarengga. Kanthi busana kabrahmanan lan didherekake Dewi Kunthi karo Dewi Madrim, panjenengane banjur ninggalake Hastinapura. Destarastra dipasrahi nerusake paprentahan ing Hastinapura. Wusanane Pandhu, Dewi Kunthi, lan Dewi Madrim wis tumeka alas Saptarengga lan banjur dedunung ing papan kono.

Sawise oleh pirang-pirangane wektu angone mertapa, Pandhu banjur tuwuh pepenginane supaya duwe putra. Pandhu banjur ngandhakake pepenginane iku mau marang Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Sawise Kunthi krungu dhawuhe Pandhu, dheweke banjur sowan lan matur marang pandhu menawa deweke duwe mantra kanggo nakakake dewa lan nyuwun supaya diparingi putra. Pandhu sarujuk. Wusanane sawijine dina Dewi Kunthi ngeningake cipta nekakake Hyang Darma banjur diparingi putra terus dijenengake Wrahatnala. Sabanjure Dewi Kunthi nekakake Hyang Indra banjur pinatingan putra lan dijenengake Arjuna.

Dewi Madrim sing uga melu nggunakake mantra nekakake Dewa Aswin. Hyang Aswin kembar loro, rupane padha. Dewi Madrim banjur diparingi putra loro, kembar, uga banjur dijenengake Pinten lan Tangsen.


Sumber : Buku Bahasa Jawa Kelas 4 SD

0 komentar: — Skip to Comment.

Posting Komentar — or Back to Content